Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020

Budaya Wewaler (Bahasa Jawa kelas 12 semester 2)

Pengerten       Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masyarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu keprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. Gugon tuhon Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. Gugob tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewa...

Pranatacara (Bahasa Jawa Kelas 10 semester 2)

Pengerten Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas (show) lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon. A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara      Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki! Assalamualaikum Wr.Wb.      Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.      Para pangemban pangembanting praja satriyaning negari minangka pa...

GEGURITAN ( Bahasa Jawa Kelas 12 Semester 1 )

Gambar
     Pegerten           Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembug kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa ( gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane               Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki     a. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.     b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeg(//).     c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa            lambang     d. Golekana pesen utawa amana...