Makanan Tradisional (Bahasa Jawa Kelas 10)
Panganan Tradhisional Jawa Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan conro ing makassar, rendhang ing pandang, lan sapanunggale. A. Maca lan nanggapi teks Gatekna pethilan teks ngisor iki! Tumpeng Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. Tumpeng biasane dinggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpeng...