Pranatacara (Bahasa Jawa Kelas 10 semester 2)


Pengerten
Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas (show) lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.

A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara

     Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki!

Assalamualaikum Wr.Wb.
     Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
     Para pangemban pangembanting praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
     ...
     Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Kusuma Putra putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sri Narendra Putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten Selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.
     Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
        1. Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana;
        2. Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten;
        3. Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa;
        4. Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temante;
        5. Adicara ingkang angka gangsal sabdatama;
        6. Wondene pratandha purnaning pahargyan saking kulawarga minangka paran para.
     Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kaliyan urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggennya hangadi mulas wadana.
     Jengkaripun temanten sarimbit saking sasana busana....
(Teks jangkep bisa kawaca ing kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 106-108)

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara
     Isi teks pranatacara ing dhuwur, yaiku:
        1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul;
        2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan kalamullah, atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.

C. Mbedah Kaidah Pranatacara
     Urut-urutane teks pranatacara:
        1. Salam pambuka;
        2. Atur pamuji;
        3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun;
        4. Wedharing gati;
        5. Atur nyuwun pangapura;
        6. Panutup;
        7. Salam panutup.

D. Maca Teks Pranatacara
     Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ngisor iki.
        1. Pangucapane kang trep
        2. Pamedhote ukara kang trep
        3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
        4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
        5. Swara kang cetha
        6. Ngatur alon lan cepete pamaca
        7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
        8. Mahami wacan
        9. Pracaya marang dhiri pribadi

E. Kawruh Kagunan Basa
     Tembung Yogyaswara
     Tembung yogyaswara, yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan, lan nduweni teges lanang-wadon.
Tuladha:
Bathara-bathari     kendhana-kendhini     hapsara-hapsari
     Tembung Entar
     Entar tegese silihan, yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembunge (gadhah teges kiyas).
Tuladha:
Gedhe endhase=gumedhe     kethul pikire=bodho
     Rura Basa
     Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah, amarga ora ketemu nalar. Rura basa iku basa kang salah, ning wiskabacut lumrah.
Tuladha:
Godhog wedang     nguleg sambel
     Panyandra
     Panyandra asale saka tembung candra, kang duwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandra iku gegambaring kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra. Panyandra menggah kabergasaning badan.
Tuladha:
Rambute ngombak banyu     drijine mucuk eri     alise nanggal sapisan
     Pepindhan
     Pepindhan iku tetembungan kang ngemu irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, dadi, kadya, lir, pendah
Tuladha:
Lakune kaya macan luwe     rukune kaya mimi lan mintuna     suwarane kaya bledheg

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Budaya Wewaler (Bahasa Jawa kelas 12 semester 2)

PAWARTA ( Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 )