PAWARTA ( Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 )



     Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo Jawa. Biyene, ing provinsi iki madeg kraton-kratonlan kadipaten-kadipaten kang kaloka saindenge Nusantara, kayata karaton Surakarta Hadiningrat kang isih meger-meger nganti saiki. Kajaba iku uga katemokake kadipaten Mangkunegaran, Kadipaten Pajang, Kadipaten Demak Bintara, Kadipaten Semarang, lan liya-liyane. Nganti wektu iki isih akeh warisan kraton lan kadipaten kang tetep diuri-uri minangka warisane para leluhur. Warisane para leluhur iku wujude omah jawa utawa kaprah diarani omah adat Jawa. Omah adat Jawa Tengah pranyata ngemu sejarah, arsitektur, lan filosofi kang ngedab-edabi.

A. Maca lan nanggapi teks dheskripsi ngenani omah Jawa
     Teks dheskripsi, yaikuteks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Samubarang kasebut bisa wujud manungsa, kewan, barang, utawa panggonan. Ing kalodhangan iki arep ngrembug babagan omah adate wong Jawa. Kanthi mengkono, teks deskripsi babagan omah Jawa iki mesthine bisa njlentrehake ciri-ciri utawa tandha-tandha kang bisa dideleng ngenani omah Jawa.
      Sawise maca teks dheskripsi, supaya bisa menehi panemu para siswa kudu bisa mangsuli pitakon bab isine wacan, uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung-tembung kang digunakake, tembung-tembunge ngoko apa krama.

B. Nemokake tuntunan sajrone teks dheskripsi "Omah Jawa" lan nyocogake karo kahanan jaman saiki.
Omah Jawa
     Omah adate wong jawa iku sejatine akeh jinise, kayata joglo, limasan, dara gepak, kampung, tajugan, lan liya-liyane. Ewa semono bebrayan ngertine omah adat Jawa iku joglo.
     Omah adat Jawa iku kaperang dadi telung bageyan. Perangan ngarep jenenge pendhapa, perangan tengah jenenge pringgitan, lan perangan mburi jenenge dalem ageng. Wangunan telung perangan iku duwe ciri lan makna filosofi dhewe-dhewe.
     Pendhapa iku wangunane bladhahan (bukaka), ora kanggo tutup, diapit omah-omahan cilik kiwa lan tengen kang diarani pangrawit apitan lan tajuk mangkurat. Gunane kanggo nampa dhayoh (tamu) lan kanggo dolanan bocah-bocah. Makane, dadi wong urip kuwi kudu seneng srawung karo wong liya, kiwa-tengene. Srawung ora kena mbeda-mbedakake.
     Panggitan iku papane antarane pendhapa karo dalen ageng. Andhakane ana talange ditutupi ketep. Maknane pringgitan, sanajan anggone srawung karo tangga teparo iku ora kena mbeda-mbedakake nanging kudu ngati-ati. Anggone srawung kudu nganggo talang (filter) supaya ora nemahi kahanan kang ora becik.
     Dene dalem ageng dipantha dadi telung bageyan maneh yaiku senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen. Senthong tengah kagem bapak lan ibu, senthong kiwa kanggo anak-anake wadon, senthong tengen kanggo anak-anake kang lanang. Dalem ageng iki sipate pribadi, dadi wong liya ora kena lanyo-lanyo mlebu menyang dalem ageng. Makna kang dikandhut ing kene, rembugan kang sipate wadi kudu ana papan tutupan. Ora kena diumbar saenggon-enggon. Uga nggambarake menawa urusane bocah lanang iku ya kudu dipisah karo urusane bocah wadon.
***
     Sawise maca teks deskripsi ngenani omah adat Jawa para siswa bisa nemokake tutunan luhur yen sejatine nata omah iku ora sakepenake dhewe. Akeh piwulang kang maune durung kongerteni saiki dadi ngerti. Coba saiki bandingna karo tatanane omah jaman saiki!. 

C. Bedhah perangane teks deskripsi
     Ing ngarep wis diterangke menawa teks deskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Banjur titikane apa teks kasebut? Titikane teks deskripsi, yaiku tatanane (strukture) ana katrangan bab kang didheskripsikake lan perangan kang didheskripsikake.

D. Nulis teks dheskripsi ngenani omah Jawa nganggo basa kang cocog karo kahanan lan pranatane
      Nulis teks dheskripsi iku ora angel watone manut pranatan utawa aturan kang wisdiwenehake ing ngarep, yaiku ana bab kang di dheskripsekake lan ana perangan kang didheskripsekake. Bab apa wae arep didheskrip

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Budaya Wewaler (Bahasa Jawa kelas 12 semester 2)

Pranatacara (Bahasa Jawa Kelas 10 semester 2)