GEGURITAN ( Bahasa Jawa Kelas 12 Semester 1 )
Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembug kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki
a. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeg(//).
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan)
“Gusti”
Gusti…Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti…
(Sumber: basajawaasli.blogspot.co.id)
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan jumbuhake karo kahanane bebrayan.
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang gegayutan karo khanan.
C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan.
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
a. kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanuggale).
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.
Sumber : 1. Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
2. https://pasberita.com/geguritan-bahasa-jawa/
Sangat membantu bro
BalasHapusMantull
BalasHapusTerasa terbantu👌🏽
BalasHapusJoss Tenan
BalasHapusMangtap Mas Arul. *Ramane Dhek Alif
BalasHapuswidiiiwww
BalasHapusBaguss si,isi blognya... tapi, lebih bagus lagi kalau contoh puisinya buat sendiri✌... terlhat kerenn ++++
BalasHapusTerima kasih atas sarannya😊
HapusMantapp
BalasHapus👍👍
BalasHapusWah keren
BalasHapusSip👍👍👍
BalasHapus👍
BalasHapusMantab 👍
BalasHapusMantab 👍
BalasHapus